Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Kawilujengan, karaharjan, rahmat saha hidayahipun
Gusti ingkang Mahasuci mugi tansah tunendhak lan kasarira kita sedaya.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri
ingkang luhur ing budi lan kula bekteni, sagung para tamu sinedhahan ingkang
tansah winantu ing pakurmatan, para ingkang sami rawuh ingkang bagya mulya,
dalah para kadang kaneman muda/mudi ingkang kula tresnani.
Minangka
pambuka inggih purwakaning atur, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja
astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, pangeran ingkang Mahawikan, dene kita
sedaya tansah pinaringan kesarasan sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Sukidi kanthi wilujengan.
Shalawat
dalah salam kita aturake wonten ngarsanipun Nabi
kita, Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW, Nabi
Ingkang sampun nilaraken dhumateng kita sedaya agami Islam, agami ingkang dipunridhai
Allah kanti kita
pinaringan gegebengan Al-Qur’an saha Al-Hadist, minangka Rahmatan Lilalamin.
Bapak-bapak/ Ibu-ibu ingkang kula bekteni, para kadang
kaneman muda/mudi ingkang kula tresnani dalah para tamu sinedahan ingkang bagya mulya. Kula
minangka sulih salira inggih talanging basa sederek
kadang kaneman muda/mudi Dukuh Pondok, Bakalan, Polokarto, kepareng matur
dhumateng Bapak Sukidi sak keluarga ingkang sampun panjenengan utus ngaturaken serat sedahan/ ulem dumateng sanak
sederek panjengan sedaya sampun kaaturaken. Menawi wonten kathah kekirangan
samukawisipun kula saha sak kadang kaneman muda/ mudi nyuwun pangapunten.
Minangka panutuping atur, menawi anggen kula matur
minangka sulih salira inggih talanging basa para kadang kaneman muda/ mudi
Dukuh Pondok, Bakalan, Polokarto angaturaken wigatining gati kathah kekirangan,
saha kalepatipun, lumantar kula tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Bilahit
taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Ada yg lebih lengkap...??
BalasHapus